Saèstunipun para maos botên kakilapan bilih ing Bêtawi wontên pakêmpalan ingkang kawastanan “BATAVIAASCH GENOOTSCHAP VAN KUNSTEN EN WETENSCHAPPEN.” Mênggah tujuning sêdyanipun pakêmpalan wau, angajêngakên dhatêng pamarsudining basa sarta kawruh bab kawontênanipun têlatah INDIA NEDERLAND, tuwin bab kawontênanipun sawarnining bangsa ingkang asli tanah India Nederland; para prayagung Wêlandi sarta Jawi, saha para tuan mardika tuwin para luhur Jawi, kathah ingkang sami kêparêng mêrlokakên dados warganipun.
Adêgipun pakêmpalan BATAVIAASCH GENOOTSCHAP van KUNSTEN en WETENSCHAPPEN punika dumuginipun samangke wêtawis sampun 150 taun, dados wiwit nalika tanah India dèrèng kaasta ing kangjêng Gouvernement, taksih kawêngku ing KUMPÊNI (OOST-INDISCHE COMPAGNIE), sarta sami-sami pakêmpalan ing tanah India, GENOOTSCHAP wau pancèn sêpuh piambak, sanadyan katandhinga kalian sêdaya pakêmpalan satlatah Asia wetan, GENOOTSCHAP mêksa taksih sêpuh piambak.
Wiwit adêgipun dumugi samangke inggih punika mèh 150 taun, sampun kathah sangêt anggènipun GENOOTSCHAP angwêdalakên sêrat-sêrat ingkang isi kawruh bab kawontênanipun têlatah India Nederland tuwin bab kawontênanipun bangsa ingkang asli tanah India Nederland, sarta sêrat-sêrat wau agêng sangêt paedahipun tumrap para pangrèh praja, dene ngêwrat carios bab adat tata caraning bangsa ingkang kalêrês dados wawêngkoning paprentahanipun.
Kêjawi punika GENOOTSCHAP sakêlangkung anggènipun ambudi supados ingkang sami rêmên ulah kasusastran Jawi sami mindhaka ing pamarsudinipun. Mênggah anggènipun ambudi murih indhaking pamarsudinipun basa tuwin kasusastran Jawi wau, GENOOTSCHAP mawi sêrana angwêdalakên sêrat Jawi tuwin Kawi, punapa dene anggitan warni-warni, ingkang nêrangakên utawi anggêlarakên waton-watoning kasusastran Jawi, kawragadan saking GENOOTSCHAP piambak, dene cacahing sêrat-sêrat bab kasusastran Jawi ingkang sampun kêlampahan kawêdalakên dening GENOOTSCHAP wau, dumuginipun samangke inggih sampun kathah.
Kêjawi punika GENOOTSCHAP ugi anglêmpakakên sela-sela ingkang wontên sastranipun buda tuwin rêca-rêca ingkang sae wêwangunanipun, sarta blebekan kuningan ingkang wontên sastranipun miwah sêrat-sêrat kropak, sêdaya wau karimatan ing Bêtawi wontên ing gêdhong MUSEUM (GÊDHONG GAJAH).
Ing saupami botên kaklêmpakakên mêkatên, barang-barang wau têmtu pating blêsar
botên kantênan panggenanipun, sarta badhe risak utawi ical tanpa lari, kados dene sanès-sanèsipun barang yayasan nalika jaman Kabudan ingkang sami botên karimatan; sarêng sêdaya wau karimatan dening GENOOTSCHAP, dumugi sapriki inggih taksih sami sae sarta kenging kangge pasêksèn mênggah awiging pakirtyan saha adining yayasanipun bangsa Jawi nalika ing jaman sêmantên.
Kita tiang Jawi ing jaman kamajêngan sapunika ingkang niat anjunjung bangsa kita saking anggènipun asor, sarta niat angajêngakên saking anggènipun kantun kalian bang[1] sanès, kita wajib angaturi panuwun dhumatêng BATAVIAASCH GENOOTSCHAP, jalaran saking anggènipun sampun purun mêrlokakên anglêmpakakên barang kina wau, ingkang anyihnakakên kêlangkunganing kasagêdan tuwin agênging kawibawanipun bangsa Jawi nalika ing jaman Kabudan. Awit saking punika ing mangke kita sagêd nimbang kawontênanipun bangsa Jawi nalika jaman sêmantên kalian kawontênanipun bangsa kita ing jaman samangke, sarta ingkang mêkatên wau aminihi tuwuhing pangajêng-ajêng kita ing dalêm batos, pinarêngna kasêmbadan ing sêdya kita anggèn kita niat ngangkah sagêda bangsa kita Jawi kadunungan kêlangkunganing kawruh malih kados nalika ing jaman kina, tuwin sagêda bangsa kita kadunungan santosaning manah sarta bangkit iasa dêdamêlan ingkang adi saha endah ing warni kados lêluhur-lêluhur kita ing jaman kina-kina.
Mênggah ingkang dipunklêmpakakên BATAVIAASCH GENOOTSCHAP wontên ing salêbêting gêdhongipun MUSEUM, punika botên ngêmungakên barang dêdamêlanipun bangsa Jawi ing jaman Kabudan kemawon, ugi barang dêdamêlan sapêngkêripun jaman Kabudan wau, kados ta: rimatanipun sêrat-sêrat Jawi kemawon wêtawis wontên 1400 iji; wontên ingkang kasêrat ing dlancang gêndhong (dlancang Panaraga), tuwin wontên ingkang kasêrat ing dlancang limrah, sarta isi bab warni-warni ingkang mratandhani gênging kamulyanipun kasusastran basa Jawi, (sapêngkêripun jaman kasusastran Kawi) nalika jaman sêmantên; ananging satilaripun donya Radèn Ngabèhi Ranggawarsita, pujangga ing kêraton Surakarta, utawi sasedanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara ingkang kaping sêkawan, kasusastran Jawi lajêng kenging kawastanan risak sarta babar pisan mèh botên kamanah dening bangsa kita Jawi ngantos dumuginipun ing jaman samangke punika.
BATAVIAASCH GENOOTSCHAP ing sabên kala mangsa angêcapakên sêrat Jawi sarta lajêng kawêdalakên; mênggah kêrêp utawi awisipun anggèning GENOOTSCHAP angêdalakên sêrat Jawi wau, gumantung wontên kathah kêdhiking arta bandhanipun Genootschap, dene sêrat ingkang kawêdalakên punika pamilihipun manut sapanimbangipun Genootschap, awêwaton saking saening carios, luwêsing ukara, utawi sabab sanès-sanèsipun.
Ing mangke ingkang kalêrês kapilih kawêdalakên inggih punika SÊRAT CÊNTHINI, kaêcap miturut sêrat CÊNTHINI ingkang wontên ing Bêtawi, tatêdhakan saking babon sêrat CÊNTHINI pisungsung saking kêraton Surakarta, ingkang dumunung ing UNIVERSITEITS-BIBLIOTHEEK (gêdhong sêrat-sêrat ing pamulangan luhur) ing kitha LEIDEN bawah nêgari Wêlandi, klêmpakipun sêdaya wontên cacah wolung jilid.